Jumat, 27 Juli 2012

Kasih Tertahan

kala mawar tak lagi berduri
kala langit tak lagi berbintang
disitu aku berdiri
sambut kasih tak datang

sadari dirimu mengambil kisah syahdu
melambai kesana kemari hilangkan ragu
duduk memandang diriku yang memandang kaku
tak tahu darimana dan kemana suara membisu

tertekam oleh jari jemari sendiri
tak kutik

langkah jauh tak terfikirkan oleh sembarang insan
hanya tahu
sekedar tahu
tanpa memahami uluran kasih tertahan

mari,
mari,
kilatan cahaya mengarah
ikuti kemana kaki melangkah
jalan terjal berjurang
daki dengan penuh juang
tak ada kata menyerah
hanya untuk para pecundang

Sabtu, 21 Juli 2012

Sweeping

Thole:"mbah, gimana hukumnya sweeping di bulan Ramadhan?"
Mbah:"daripada sweeping lebih baik sleeping,le. Malah bernilai ibadah."
Thole:"kalo ndak disweeping kan warung2 pada buka,mbah"
Mbah:"yo ndak apa2 to,le.wong itu nyediain buat yg ga puasa.buat yg puasa pun itu bs ngukur iman.kuat ndak digoda seperti itu.kalo warung2 ditutup lha si mbah godaannya apa? Sama kamu mbah juga ndak tergoda, le.."

Sabtu, 07 Juli 2012

Guyonan Boso Jowo

PENTUNGE BEDUGH

Roman BerLee Preman sing dadi pacare anake pak haji Iwan Hafidz Zaini arep moro nang omahe. Tujuane pingin ngenalne de'e. Tapi sakdurunge moro nang omahe pak haji, tato-tato sing nang awake diganti. Amargo arep dadi mantune pak haji.. hehehe... Tato sing sangar koyo tato kolojengking sing nang lengene diganti tato mesjid ben relegius. Tato kembang mawar sing nang dodone diganti tato gentong tempat wudhu. Tato Angry Bird sing nang wetenge diganti tato bedug. sakwise teko lan kepetuk haji, Roman ditakoi calon morotuone kui.

Iwan: "Wah, le. awakmu kok isih tatoan. opo maneh iku nang lengenmu tato mesjid."
Roman: "Injih pak'e.."
Iwan: "Pak'e..pak'e,.. kowe durung dadi anakku..durung mesti tak tompo.. kui opo maksude kok tato mesjid"
Roman : " Njih pak'e.. eh pak haji.. niki tato mesjid ben kulo eling kalih mesjid...hehehe... boten niki mawon (Roman trus buka klambine) teng dodo kulo tato gentong tempat wudhu.. sakderenge mlebu mesjid wudhu riyin.. hehehe.. ngisore niki teng weteng tato bedug. tondo yen ajeng sholat.. pripun pak haji? tatone sae lan kebak pesan-pesan agamane to..."
Iwan: " yo..yo.. apik tujuanmu..lha kui tato bedug kok mung bedug ae..tuthuk'e (pemukul) ora ono?"
Roman : "Tuthuk'e bedug nggeh teng ngisore tato bedug niki, pak haji... (Roman karo buka celonone.. ketok tuthuk sing ireng guediii...)
Iwan : "Bocah gemblung....."


BAHAN KAIN JAS

Roman BerLee sediluk maneh arep rabi. Koyo adate wong arep ijaban mesti gawe JAS sak stel. Dino iku Roman lungo nang tukang jahit sing jenengeIwan Hafidz Zaini.
Roman : " Kang, ono kain nggo bahan jas?"
Iwan : "yo mesti ono to wong kene penjahit profesional tingkat RT. Arep mbok ngge opo kok pesen jas?"
Roman : "Arep tak ngge mancing... huahaha...Yo rabi to.. piye ono bahane?"
Iwan : "Alhamdulillah akhire ono sing gelem karo kowe... Ono, sing apik regane 2 juta sak jahite sak dadine wes jamin uapik.."
Roman : "Walah.. larang men.. ono sing 100 ewunan gak?"
Iwan : " Ono.. bahane soko KAIN KAFAN..."
 


Mbah Modhin

Mbah Iwan Hafidz Zaini dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki mbah Iwan meneng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe sedo, anake nyeluki mbah modhin sing jenenge Roman BerLee ben didungakno.
Pas Modhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Iwan megap-mggap gak isoh ambekan, raine pucet, tangane gemeter.

Nganggo bahasa isyarat mbah Iwan nirokno wong nulis.

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, Mbah Iwan nulis surat.

Karo siso-siso tenogone Mbah Iwan ngekekno surate iku mau nang mbah modhin Roman.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak pas moco surat wasiat saiki, pikire Pak Modhin. Bar ngesaki surat mbah modhin Roman nerusno ndungone.

Gak suwe mari ngono mbah Iwan sedo. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Iwan iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Iwan, mbah modhin Roman diundang maneh.
Bar mimpin ndungo, mbah modhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Iwan Sedo.
Lha ndhik sake lak ono titipan surate Mbah Iwan to?, untunge selamet iling aku, pikire mbah modhin.

"Poro sederek sedoyo, niki enten surat saking almarhum Mbah Iwan ingkang dereng kulo sampekne dateng panjenengan sedoyo. Yen ningali Mbah Iwan pas uripe, isine mestine nasehat kangge anak putune sedoyo. Kulo woco surate njenengan sedoyo midangetaken nggeh...".

Mari ngono mbah modhin Roman ngerogoh surat ndhik sak’e, bareng diwoco tibak’e munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!
KOpi Kucing


Sawijining dino Roman BerLee mertamu nang omahe Iwan disuguhi kopi. Jarene kopine enak tenan, soale Iwan ngelem kopi sing disuguhno. Roman akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

Roman : "Iki kopi opo tho de, kok rasane rodo kecut?"
Iwan : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."
Roman : "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"
Iwan : "Kopi kucing, aku gawe dewe..."
Roman : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"
Iwan : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae."
Roman : "Kucing doyan kopi to, de?"
Iwan : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak pakakno kucing."
Roman wetenge wis mulai rodo mules,
Roman : "Terus piye prosese, de?"
Iwan : "Kopine kan metu bareng taek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yo opo de, rasane?"
Roman : "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... kowe Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, de... tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"


Warteg Ramadhan

Pas awan2 wulan Ramadhan Roman BerLee nekani warteg..
Roman : (masang muka serem, padahal ga usah dipasang ae wis serem) Ooiii... endi iki sing duwe warteg??!!"
sing duwe warteg: "e eee enten nopo pak?"
Roman : (karo bentak2) "Bapak sing duwe warteg iki?"
sing duwe warteg : " ingggiih... ppaaak..."
Roman: "Bapak kan ngerti iki wulan Ramadhan, bulan suci, hormati sing do poso.. yen dodolan oleh2 ae pak.. tapi mbok yao ojo terang2an.. ditutup kain opo piye ben ga ketok..."
trus sing due warteg jikuk kain lan nutup sitik warteg-e. mari iku si Roman mlebu warteg...
Roman : "Lha yen ngene kan ga ketok pak.. pesen ES TEH siji yo..."


Tuku Softex

Sodrun nunggu tokone trus onok sing arep tuku cewek lumayan ayu..mlebu neng tokone...

cewek: "Cak…onok Softex’ ke ta ?"
Sodrun : "Onok….iki mbak !"
cewek: "Piro regone cak ?"
Sodrun : "Siji rong poloh ewu".
cewek: "Loh, kok luuarang pol cak !! Toko langgananku gak sakmono kok !"
Sodrun : "iyo mbak ! Lek neng kene rego sak mono iku wis termasuk ongkos pasange".
cewek : "Diiaammpuuut...wis elek gendeng pisan sampean cak !!!"

KB Nganggo Dingklik

Penyuluh KB : "BU Endang, KB ngagem alat nopo?"
Bu Endang : "Nganggé karèt KB paket BKKBN bu...."
Penyuluh KB : "Menawi Bu Sri ?"
Bu Sri : "Suntik"
Penyuluh KB : " Lha Bu Yayuk ?"
Bu Yayuk : "Ngangge dingklik bu"
Penyuluh KB : "Lho kok dingklik ??"
Bu Yayuk : "Inggih bu , bojo kulo niku rak pendèk to nanging kulo duwur. Padahal seneng ané bojo kulo menawi main kaliyan ngadheg., kepekso ancik2 dingklik"
Penyuluh KB : "Terus nopo hubungané kaliyan KB ?"
Bu Yayuk : "Lha, nèk piyambake sampun badhe medal, dingkliké kulo tendang ... "

Pedagang sing Setia

==> Pedagang sing kurang gawean yoiku tukang SEGO GORENG.. sego wis mateng kok digoreng..
==> Pedagang sing ora gampang gethun yoiku TUKANG BUBUR.. Sego wis dadi bubur kok sih di dol...
==> Pedagang sing paling aneh yoiku TUKANG DODOL IWAK... Iwak mati kok jarene seger...
==> Pedagang sing bodho yoiku TUKANG PHOTO..ditakoni 3X4 piro kok dijawab telungewu...
==> Pedagang sing paling jujur yoiku TUKANG UNTU.. Wani pasang plat (DISINI TUKANG GIGI PALSU)
==>Pedagang paling setia yoiku TUKANG BAKSO. Senajan baksone entek tetep nggowo muleh penthol 2 kanggo bojone....

Ben ra Panas

ing sawijine dino Iwan lagi medang kopi karo ngrungokne radio.eeeeeeeee ladalaahh....ora kroso kopi sing di ombe Iwan panase gak karuan.
trus Iwan nyemplungi obat,dilalah Hafidz weroh,trus kaget weroh tingkahe Iwan.
Hafidz:"Wan,NYAPO WEDANGMU MBOK CEMPLUNGI PANADOL?"
Iwan:"lha wong wedange panase gak karuan,sopo ngerti iso adem.lha iki tulisane OBAT TURUN PANAS...

Tiyang

Opo bedane Tiyang Listrik karo Tiyang Jaler???
Jawab: Tiyang Listrik iku kanggo madangi, Tiyang Jaler kanggo Metengi...he..he...he..!!

Umbel

Dipencet…. ditekak.. ..bar kuwi di banting….. Opo hayo?????
Jawabane UMBEL....

Salah Paham

Ono wong Sundo pas mlaku-mlaku nang alun-alun kebelet pipis,
mampir dhisik nang WC UMUM.
Pas ketepaan kebak kabeh. Mari ngono, ono lawang sing mbuka.
Dasare wong Sundo ramah, takok “Atos (sudah/wis rampung) , mas ?”,
lha kok bejone, sing metu wong jowo.. dijawab ambek mangkel thithik,
“Atos gundulmu..mencret kok..!!”

Kewan ngejak Turu

Iwan: kewan opo sing dodolan bubur??
Hafidz: gampang kui,,jawabane pitik jago!! kan suarane nek kluruk unine BUBURuyuuukk kkookk...
Iwan: lha kewan sing ngajak turu opo??
Hafidz: wah,ngarang wae kowe ki,,lha opo to??
Iwan: yo jelas cecak!!
Hafidz: kok iso???
Iwan: coba rungokno nek pas muni,,rak unine cek..cek..cek artine ngajak miCEK (turu)...
Hafidz: asemik..

Sing Kuning Apane

Roman: "Im, Abang,ijo,kuning opo hayo...?"
Ima:"Guampang, lampu lalu lintas..."
Roman:"Guoblok kowe..!!! nek lampu lalu lintas kuwi abang,kuning,ijo"
Ima:"Lha opo Lee...?"
Roman:"obat nyamuk...abang genine,ijo obat nyamuke..."
Ima:"Lah kuning apane...?"
Roman:" UNTUmu kuwi sing kuning....hahaha.."
Ima:"asem kowe yo..."

Mantu Ra Genah

Roman nglamar putrine pak Bejo sing jenenge Ima, trus di dangu karo pak Bejo calon morotuane.
pak Bejo: nek pancen tenan arep gegayuhan karo si Im tak jaluk ing tembe mburine ojo nglakoni Mo Limo yo ?!!
Roman: sendiko dawuh Pak , ananging kulo malah bade matrapaken Mo Wolulas...
Pak Bejo: lho opo kui?
Roman: Madep Mantep Mangan Melu Morotuwo , Morotuwo Mulyo Melu Mukti , Morotuwo Mati Melu Marisi , Morotuwo Macem Macem Mantu Minggat...
pak Bejo: Wooo mantu ra nggenah...

Sayembara

Ono juragan tambak jenenge Sodrun ngadakno sayembara.
Sing wani njegur nang tambak, bakal oleh hadiah Sepeda
Montor.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo lan sak panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi mobil
FORTUNER anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sodrun hadiae ditambah maneh, mobil Fortuner anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur.
Mari ngono, moro-moro Roman njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Roman gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Roman tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.
Wis mari ambekan, Sodrun marani arep nyerahno hadiae, tapi Roman nolak.
“Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta” jare Sodrun, tapi Roman tetep nolak.
“Tak tambahi mas-masan sak kilo” jare Sodrun maneh, Roman tetep gak gelem.
“Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti” jare Sodrun gak gelem kalah.
“Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene...” jare Roman...


Panen Duren

Pas lagi rame duren, panen duren, podo tuku duren, kabeh podo golek duren, senajan regane larang seng penting rosone. opo maneh pas dibelah. mangstab..
Pas usum-usume duren ngono kui si Roman BerLee ngomong karo kanca-kancane,"Nek mung arep mangan duren gak usah bingung-bingung, nyang omahku wae"
Iwan takon,"Lha emange nggone sampean lagi panen duren akeh ta?"
"Enggak,wong wite duren ae gak ndue kok panen?"Jawab Roman enteng.
"Lha terus?" Iwan bingung.
"Maksude ngene lo, nyango omahku nggowo'o duren trus dipangan bareng-bareng karo aku, wong aku yo kepingin kok..." jawab Roman.
"Diammput kowe yo..."

Password Laptop

Sawijining dino, koncoku sing jenenge Roman BerLee dolan nang omahku karo nggowo laptop jare kon marai nggarap tugas. Lagek teko laptop diselehne tapi dewek'e langsung nyang toilet jare kebelet ee'.
karo nunggu koncoku laptope tak urepke, nanging jebule laptope dipasangi password dadi aku gak iso mbukak.
"De, leptopmu gak knek dibukak kon nglebokne password, opo iki paswote?" Roman seng neng njero toilet iku mou tak bengok'i.
"Jenengmu" Semaure ora kalah banter mbengok.
Trenyuh atiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekne password. Tapi yo gak gumun wong aku karo dewek'e wes koyo sedulur lanang wae, konco awit cilik, mangan bareng adus bareng turu bareng wes biasa, dadi yo masuk akal ae yen sampek jenengku didadekne password, mungkin supoyo eling terus marang aku kang dadi konco sejatine.
langsung tak ketik jenengku "iwan" trus tak enter, Lho kok gak knek, Tak jajal maneh, Lho kok tetep gak knek, mungkin jeneng lengkapku, tambah keronto-ronto atiku ora ngiro yen sampek jeneng lengkapku lo seng dingge password laptop iki.
Jeneng lengkapku tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.
"Kok ndak kenek to De.." Roman seng iseh ing jero toilet tak bengok'i maneh.
"Kaploken" Semaure ndak jelas opo maksute.
"Apane seng dikaplok? laptope yo?"Aku takon gak paham
"Hurupe password iku ketiken ngangge hurup gedhi"
"Hoalaaaah...CapsLock" Lagek mudeng aku, untunge laptope urung tak kaplok tenan.
Tak coba maneh jenengku tak ketik, saiki ngangge hurup gedhi , berbunga-bunga tenan hatiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek password laptope koncoku iki ngangge jenengku hurupe gedi pisan, ge er ku wes gak ketulungan.
Tak pijet enter, Lho... tapi kok tetep password yang anda masukkan salah.
"Ora ketek eh kenek" aku kondo naliko koncoku wes metu songko toilet.
Banjur laptop dicekel "Moso to, njiaal kene ndelok"
Tombol CapsLock di dulek trus paswote diketik:
"JENENGMU"
Oalah..semprul.... kadung ge er aku...


Mie Roso Telek Pitik

Udan2 adem Roman BerLee wetenge luwe. De'e pingin mangan mie. Amargo nang omahe gak ono mie banjur Roman metu nang warung ngarep omahe. untunge isih buka ..
Roman: "ono indomie Mbok?"
Mbok: "ono"
Roman: "roso kare pitik piroan?"
Mbok: "2000"
Roman: "roso kaldu pitik?"
Mbok: "podo ae 2000"
Roman: "sing rego 500 ono gak Mbok?"
Mbok: "ono"
Roman: "roso opo Mbok?"
Mbok: "roso TELEK PITIK !!!"
Roman: "uasemik.." 


PODHO

sawijining dino aku ketemu karo Roman BerLee lagi angon wedhus.
delok weduse kok akeh men aku takon.
“Mbah de, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” aku takon
“Yo lumayan ” jare si Roman
“Pira kabehe, Mbah ?” aku takon maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wih, akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Roman ambek ngarit suket
Aku takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
Aku bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih karo ireng, wong jawabane yo podho ae.
“Mbah, awakmu lek tak takoni perkara wedusmu,
sampeyan mesti leren takon sing putih opo sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono ono opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wedhusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .” jawab Roman..


WEDHUS

Roman  kerjone angon wedhus. Mangkat esuk mulih sore.
Pas nggiring wedhuse mlebu kandang kok kurang siji. Roman nggoleki muter-muter gak ketemu-ketemu. Akhire Roman menek uwit menowo wedhuse ketok teko nduwur, tapi gak ketok juga. Pas arep mudhun Roman kaget, gak sido mudhun soale nang ngisor uwit ono Ikko ambek Ima lagi pacaran.
“ Dik, bukaken rokmu age, aku mung pingin ndelok ae kok” jare Ikko
“Moh ah, aku wedi engko ono setan lewat” jare Ima.
“Sumpah dik, aku mung pengin weruh ae kok, ayo ta bukaken…sumpah tenan dik, wis ta percoyo-o” Ikko wis gak sabar.
Krungu sumpahe Ikko, Ima langsung ngangkat rok-e (tibakno gak
nggae kathok).
“ Wuih….. apike rek….. sak ndonya ketok kuuabeh” jare Ikko.
Roman sing nang uwit mou krungu langsung mbengok
“ Om, om, tulung delokno wedhusku ndhelik ndhok kono gak?”


PAGER KARO BINTANG

Iwan Hafidz Zaini lan Roman BerLee akhire iso duwe HP. sing nyelengi sampek setahun luweh. tapi amargo isih duwe HP anyaran, Iwan karo Roman durung pinter nggunakake.

Trus sawijining dino Iwan metuk'i Roman.

Iwan: “mbahde, laopo sampean mencet-mencet pager omah? koyok wong ga ono kerjaan ae..”
Roman: “Iki lho de.. aku arep ngisi pulsa…”
Iwan : “Lha trus opo hubungane isi pulsa karo mencet pager omah? Telpon operator wae. ngono kok repot.”
Roman: “iku masalahe,aku ket mou telpon operator kon mencet pager, nah, pager e wis tak pencet-pencet sampek jempolku aboh tetep ae ga isoh..”
Iwan : “Lha aku luwih parah.”
Roman: “emange nopo, de?”
Iwan : “aku malah dikon mencet bintang....”


NGUNJUK OBAT

Bar sholat Dhuhur pas wayah poso Iwan Hafidz Zaini arep sowan nang kyaine sing jenenge kyai Roman BerLee.
Pas teko daleme kyai Roman, Iwan weruh kyai Roman ngunjuk obat Bodrex. Menowo kyai nembe ngelu mikir santri-santrine sing mbeling koyo Iwan kui. Iwan banjur takok kyai Roman, "Mbah Yai, panjenengan kok ngunjuk Bodrex. Nopo mboten poso?"
Kyai Roman jawab, "Itulah okenya Bodrex. bisa diminum kapan saja.."
 ADZANE MIRIP
Iwan Hafidz Zaini awan-awan weruh si Roman BerLee ngombe es teh pas wayah poso. trus Iwan takok
"Mbah de, ketoe esuk maeng sampean yo sahur kok saiki wes ngombe?"
si Roman jawab, "Wo iyo... iku adzan dhuhur kok mirip banget karo adzan maghrib...tak kiro wis wayahe buko de.." 
REGO TABLET MURAH
Roman BerLee bar oleh THR pingin nukokne anake Ipad. banjur Roman moro nang counter HP
Roman : mbak, rego iPad iku piro?"
mbak: "5 juta, pak."
Roman : "Lha yen iPad 2?"
mbak: "6 juta."
Roman : "Yen Galaxy Tab 1 iku?"
mbak: "3 juta."
Roman : "Mmmm ... sing Galaxy 2?"
mbak: "yen niku sekawan yuto."
Roman : "Waaah larang larang yo? ono tablet sing regone murah gak mbak?"
mbak: "enten pak, PARAMEX... Purun??? Rp. 2.000,- angsal 4 tablet..."
WONG MENDEM
sawijining dino ono wong telu sing jenenge Iwan Hafidz Zaini, Ikko 'baim' Prasetyo lan Roelista Argentina lagi podo mabuk alias mendem nang kos-kosan sampek esuk. gak kroso wektu wis awan. saking akehe podo ngombe, wong telu metu soko kamar nganti gliyer2.. pas mlaku nang dalan gede, wong telu gak kuat mlaku.
si Iwan takok karo Ikko: "Ko, iki opo wis awan?"
Ikko:"durung, iki isih bengi."
Iwan:"lha kok wis panas?"
Ikko: "awakmu iku ngadek cedak karo lampu. dadi yo panas.."
si Iwan trus takok karo Roel amargo isih penasaran.
Iwan:"Roel, iki wis awan po isih bengi?"
Roel:"jelas isih bengi...isih peteng ngene.." jawab Eroel sing isih mabok karo mripate ditutupi jaket..
Amargo isih penasaran, Iwan takok wong liyo sing ngadek nang pinggir dalan jenenge Roman BerLee. si Roman wis bolak balik metu mlebu soko RSJ alias Rumah Sakit Jiwa.
Iwan:"nuwunsewu kang, iki wis awan opo isih bengi yo.."
Roman:"waduh, sepurone ae,cak.. aku gak weruh... aku wong anyar nang kene... "
SALES
Sawijining dino Roman BerLee dadi salesman vaccum cleaner. de'e moro nang omahe bu Ima Diaz.. jenenge salesman, teko langsung nrocos ngomong wae.. ibu Ima sampek durung sempet ngomong ujug2 Roman nyebar tembelek wedhus nang karpete bu ima.
Roman: "Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak iso nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Ima: "nak ngono saiki wae sampean emplok.."
Roman: "lha opo masalahe , bu?"
Ima;" masalahe saiki mati lampu..."
 BEDO KEYAKINAN
Roman BerLee lungguh curhat karo Iwan Hafidz Zaini
Roman : "de, Akhire aku putus karo si Ima Diaz.."
Iwan : "Lha opo kok putus? jare wis meh arep rabi?"
Roman : " Iyo..tapi batal?"
Iwan : "Lha kok iso?"
Roman : "Bedo keyakinan..."
Iwan : "Bedo agomo, ngono?"
Roman : "ora.. aku berkeyakinan aku ki ganteng.. lha Ima yakin suwalike..."
 ALAT PENDENGAR
sakwijining dino mbah Roman BerLee lagi pamer alat bantu pendegare sing anyar nang nggone koncone sing jenenge Iwan Hafidz Zaini.
mbah Roman : "de, iki alat bantu pendengaranku anyar, kualitase apik dewe...."
Iwan : "wuih.. apik.. nang ndi mbah tukune?"
mbah Roman : "murah.. mung limangatus ewu,..."
DUIT SIAL
Roman BerLee ditakoni karo bojone masalah duit.

bojone Roman: "Pa, kapan oleh THR soko kantor?"

Roman: "kan wingi wis tak wenehke.."
Bojone Roman : " Oo.. sing wingi kae to.. lha kae duit sing nang laci duit opo, pa?"
Roman : "Sing endi?"
Bojone :" kae sing nang laci, nang jero amplop coklat diselipne nang buku..."
Roman : " Ooo..kae to... duit SIAL..."
Bojone : " Lha kok duit sial?"
Roman : "iyo..wong wis tak delikne kok yo isih konangan... semmm..asemm... "
ENTUT EROPA
Sawijining dino Roman BerLee lagi pacaran karo Ima Diaz. gak di sengojo si Ima ngentut. akhire suasana dadi canggung. sakwuse limang menit si Roman ngomong:
Roman : "Yang... Ambune entutmu koyo parfum asli Eropa yo..."
Ima: "Hehe..emange ngopo?? wangi yo?? gak penak dewe aku.."
Roman: "ora sayang... iku lho.. ambune tahan lamaaa... "