Jumat, 06 Juni 2014

Guyon Boso Jowo Bagian 2

MANUKE PAK LURAH

Lurah Deso Shangge sing jenenge Roman BerLee duwe koleksi manuk sing macem-macem wernane..mulai soko manuk emprit sampek manuk cucak rowo. Tapi, sawijining dino pak Lurah Roman lagi apes.. Manuke kuabeh mou dimaling..
Akhire pak Lurah duwe inisiatif gowo masalah manuke sing ilang iki nang pertemuan warga. Sekitar ono 200 an warga kumpul nang balai desa.
Sakwuse ngomong-ngomong utowo nyampekne masalah moral, lurah Roman langsung ngomongke masalah manuk.
"Poro rawuh sedoyo, kulo bade tangklet. Sinten sing teng mriki gadah manuk?"
Warga sing lanang podo ngadek kabeh...
Pak lurah bingung padahal dudu kui sing dikarepke. Banjur pak Lurah takon maneh,
"Sanes niku maksud kulo. Sinten sing teng mriki nate ningali manuk?"
Warga sing wadon podo ngadek...
"Waduh. boten niku maksud kulo..Hmm.. Sinten sing nate ningali manuk sing sanes duwek-e.."
Separo warga wadon podo ngadek.. pak lurah Roman tambah bingung setengah nesu....
"Maksud kulo sinten sing nate ningali manuk kuloo..."
Enek papat wadon sing ngadek...
mari iku bu Lurah sing nang sampinge pak lurah langsung jikuk sapu lan arit....



PENTUNGE BEDUGH

Roman BerLee Preman sing dadi pacare anake pak haji Iwan Hafidz Zaini arep moro nang omahe. Tujuane pingin ngenalne de'e. Tapi sakdurunge moro nang omahe pak haji, tato-tato sing nang awake diganti. Amargo arep dadi mantune pak haji.. hehehe... Tato sing sangar koyo tato kolojengking sing nang lengene diganti tato mesjid ben relegius. Tato kembang mawar sing nang dodone diganti tato gentong tempat wudhu. Tato Angry Bird sing nang wetenge diganti tato bedug. sakwise teko lan kepetuk haji, Roman ditakoi calon morotuone kui.

Iwan: "Wah, le. awakmu kok isih tatoan. opo maneh iku nang lengenmu tato mesjid."
Roman: "Injih pak'e.."
Iwan: "Pak'e..pak'e,.. kowe durung dadi anakku..durung mesti tak tompo.. kui opo maksude kok tato mesjid"
Roman : " Njih pak'e.. eh pak haji.. niki tato mesjid ben kulo eling kalih mesjid...hehehe... boten niki mawon (Roman trus buka klambine) teng dodo kulo tato gentong tempat wudhu.. sakderenge mlebu mesjid wudhu riyin.. hehehe.. ngisore niki teng weteng tato bedug. tondo yen ajeng sholat.. pripun pak haji? tatone sae lan kebak pesan-pesan agamane to..."
Iwan: " yo..yo.. apik tujuanmu..lha kui tato bedug kok mung bedug ae..tuthuk'e (pemukul) ora ono?"
Roman : "Tuthuk'e bedug nggeh teng ngisore tato bedug niki, pak haji... (Roman karo buka celonone.. ketok tuthuk sing ireng guediii...)
Iwan : "Bocah gemblung....."


BAHAN KAIN JAS

Roman BerLee sediluk maneh arep rabi. Koyo adate wong arep ijaban mesti gawe JAS sak stel. Dino iku Roman lungo nang tukang jahit sing jenengeIwan Hafidz Zaini.
Roman : " Kang, ono kain nggo bahan jas?"
Iwan : "yo mesti ono to wong kene penjahit profesional tingkat RT. Arep mbok ngge opo kok pesen jas?"
Roman : "Arep tak ngge mancing... huahaha...Yo rabi to.. piye ono bahane?"
Iwan : "Alhamdulillah akhire ono sing gelem karo kowe... Ono, sing apik regane 2 juta sak jahite sak dadine wes jamin uapik.."
Roman : "Walah.. larang men.. ono sing 100 ewunan gak?"
Iwan : " Ono.. bahane soko KAIN KAFAN..."
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar